Mohon jangan copas tulisan dari blog ini, sertakan link hidup saja.

Jumat, 13 April 2012

Cublak-Cublak Suweng


Cublak-cublak suweng iku sawijining tembang dolanan, yaiku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané. [1] Kadhang kala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.

Lirik
Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé gosong
Sir sir pong dhelé gosong

Dolanan cublak-cublak suweng
Dolanan iki diarani cublak-cublak suweng amarga nalika dolanan sing dicublek-cublek iku suweng. Dolanan iki biasa dianakaké wanci soré utawa wengi nalika padhang bulan, ing èmpèran kang jembar. Dolanan cublak-cublak suweng iki ora ngerti saka endi sangkané, nanging dolanan iki misuwur banget ing provinsi Jawa Tengah lan Yogyakarta.
Carané dolanan cublak-cublak suweng
Dolanan iki bisa dilakokake déning bocah 5 utawa 7, biasané bocah umur 6-14 tahun. Dolanan iki bisa katindakake dening bocah lanang utawa wadon. Sing diperlokake ing dolanan cublak-cublak suweng yaiku suweng, nanging yèn ora ana suweng isa diganti nganggo krikil. Saliyane suweng utawa krikil, dolanan iki uga diiringi tembang dolanan.
Saumpama sing dolanan cacahé 7( A, B, C, D, E, F, lan G). Bocah 7 iku banjur sut, sapa sing kalah, dadi. Umpama sing dadi G. Banjur G lungguh mengkurep ing lemah lan diubengi bocah 6 liyané ( A, B, C, D, E, lan F). Salah siji saka bocah 6 kui didadèkaké embok. Banjur kabèh tangané bocah 6 mau disèlèhaké ing gegeré G, tangané nganthong(telapaké ing dhuwur). Banjur padha nyanyèkaké tembang cublak-cublak suweng, sinambi embok ngubengaké suweng ing tangané bocah 6 mau. Nalika tembang tekan pak empong lera-lere, kabeh tangan nggegem. Banjur nalika tekan sir sir pong dhele kopong, kabeh tangan dijunjung saka gegere G lan driji duding loro karone nduding banjur diobahake kaya ngirisi gula jawa. Bareng karo kuwi G tangi saka lungguhe. Nalika tekan sir pong dhele kopong kang kapindho G dikon milih sapa kang nggawa suweng utawa krikil mau. Yen pilihane G salah, G kudu dadi meneh, nanging yen bener, sapa kang dipilih mau kudu dadi. Ngono sabanjuré.

Related Post

Tidak ada komentar:

Posting Komentar